Mitos Saking Kedu
Ana
ing desa Ketangi, kecamatan Kaliangkrik, kabupaten Magelang. Ana ing
kedhung desa ketangi kang biasane digunakake masyarakat, ana watu ing
sapinggire kedhung mau masyarakat sakiwa tengene percaya petilasan jaran
ing watu kuwi tapak jaran sembrani. Miturut crita sesepuh desa
nyeritakake menawa ana jaran duwe suwiwi napakake sikile ning watu.
Crita crita saka masyarakat menawa jaman biyen jaran sing bisa mabur
kuwi lagi leren ngombe ana ing sapinggire kedhung, ananging kaget amarga
ana pawongan kang ngonangi weruh jaran senbarani kuwi, saka kagete
jaran sembrani mabur lunga lan salah siji sikile njejak watu nganti
napak. Pancen bener bisa dibuktikake anane patilasan jaran sembrani mau
kuwi, amarga ana tapak jaran ning watu jerone kira kira 2 cm.
Masyarakat sakiwa tengene uga percaya menawa patilasan jaran sembrani
kuwi mujarab. Biasane menawa ana sing duwe ana cilik durung bisa mlaku
banjur di jak ning petilasan jaran sembrani, bocahe dikongkon ngidak
idak watu petilasan tapak jaran sembrani. Nanging pancen mujarab bocahe
ora let sedela bisa mlaku thimik thimik, kuwi bisa dibuktikake amarga
ana ing kono masyarakat sakiwa tengene asring nggowo anak cilike yen
durung bisa mlaku menyang patilasan jaran sembrani. Nanging kabeh kuwi
mung kapercayan lan anane crita saka masyarakat.
Tekan seprene jarene masyarakat ana ing kana jaran sembrani mau isih
asring ngetok ning sekitar kedhung anggone napak ana ing watu kuwi.
Amarga akeh sing weruh, biasane jaran sembranine ngetok wayah surup.
Crita kaya ngono kuwi bisa dipercaya bisa ora.