Pasaran
Pahing, kanggone masarakat desa Mejing, kecamatan Candimulyo, kabupaten
Magelang, kalebu pasaran kang dadi sirikan. Sing dikarepake sirikan ing
kene yaiku ora kena nindakake pagaweyan kang bisa njalari cilaka, utawa
njalari kedadeyan kang ora dikarepake. Kayata: ora kena ijab, ora kena
kanggo mijeti wong, ora kena supitan, ora kena kanggo negor wit lan
sapanunggalane. Pokokke pagaweyan kang mbebayani utawa duwe resiko
gedhe, masarakat ora wani nindakake ing pasaran Pahing.
Miturut
ceritane wong-wong tuwa, biyen pasaran Pahing kuwi minangka pasaran
kang biasa digunakake kanggo mateni wong. Prastawa iki kawiwitan ing
jaman Walanda. Kreteg kang ana ing dhusun Kalibening-Mejing, minangka
papan kang digunakake kanggo nyembelih wong-wong tahanan utawa wong kang
luput marang pamarentahaning Walanda. Lan nalika G 30 S PKI, paten
pinaten ing kreteg iku kadang isih ditindakake. Dadi kreteg iku saiki
dadi angker.
Pasaran Pahing dianggep pasaran kang sangar
kanggone masarakat Mejing. Ananging warga kang cetha ora kena nglanggar
pasaran iku, warga kang asli klairan desa Mejing. Yen warga pendatang ora dadi ngapa. Senajan ora dadi ngapa, warga pendatang uga ora wani nglanggar pantangan mau.
Ana
kedadeyan nyata kang dialami dening warga asli Mejing. Jenenge Ikhsan.
Dheweke nalika ijab, nganggo pasaran kuwi, nadyan wis dipenging supaya
ora ijab ing pasaran iku, meksa dheweke nglanggar. Ora sawetara suwe
saka ijabe, udakara telung dina sawise ijab, bojone tiwas ketabrak
motor.
Ana
maneh Mbah Surti, nalika ing pasaran Pahing dheweke dikongkon mijeti
tanggane kang ora percaya anane pantangan iku. Senajan Mbah Surti ora
gelem mijeti, nanging dheweke dipeksa kudu gelem mijeti kanthi upah kang
gedhe. Banjur kepeksa dheweke mijeti tanggane mau. Sabubare mijeti,
awakke Mbah Surti malah dadi lara kabeh, pating krekes, banjur masuk
angin nganti seminggu suwene.
Kedadeyan kaya kang wis disebut ing dhuwur mau, dadi peringatan keras
tumrape masarakat Mejing. Isih ana maneh prastawa-prastawa kang
nganeh-anehi ing pasaran Pahing, nalika masarakat kang ora percaya
banjur nerak pantangan iku. Nganti saiki nadyan jaman wis malih rupa
sakabehane, nanging pantangan mau tetep dadi urusan kang nggegirisi
tumrape masarakat Mejing.