Menawa dhewe teka neng objek wisata Dataran Tinggi Dieng, dhewe bakal nemoni bocah-bocah kang duwe rambut gimbal. Wong-wong nang tlatah kono njenengi bocah-bocah kang duwe rambut gimbal kuwi kanti aran “bocah Bajang”.
Pratandhane bocah bajang wis
bisa dideleng wiwit bayi umur 40 dina. Biasane si bocah awake panas
banget. Wong-wong neng Dieng pracaya menawa bocah-bocah bajang kuwi
bocah kesayangane roh-roh ghaib kang nunggoni Dataran Tinggi Dieng kang
dititipke Nyai Roro Kidul. Dadine menawa wis
tekan wektune, bocah-bocah kuwi bakal disuwun dening Nyai Roro Kidul.
Amarga kuwi, si bocah bajang mesthi diayomi kanthi premati banget. Apa
wae kang disuwun bocah bajang mesthi dikabulake. Menawa ora, wong tuwane
pracaya bakal nemu piweleh lan alangan kang gedhe. Amarga kuwi kanggo
wong tuwa kang duwe bocah bajang, wektu bocahe umur 6 taun kudu
nganakake ruwatan kanggo nyukur rambut gimbale minangka pratandha masa
titipan bocah saka Sang Ratu wis dipungkasani utawa rampung wektu kuwi uga.
Mitos liyane nyebutake, jare si bocah bajang kang wis
ana wiwit atusan taun biyen iki yakuwi titisane Kyai Kaladhete,
manungsa kang pisanan mbukak Daerah Dieng. Kyai Kaladhete tau nggawe
sumpah ora bakal siram lan nyukur rambute sakdurunge desa kang nembe wae
dibukak kuwi durung makmur. Dadine menawa sakwise kuwi ana bocah putune
kang duwe rambut gimbal, kuwi pratandha menawa desane bakal reja.
Amarga kuwi dibutuhake ritual khusus kanggo nyukur rambut gimbale supaya
ora ana kedadean ala ing tembe buri.
Dene prosesi ruwatan kang dipimpin langsung dening tokoh spiritual kuwi ana aturan kang wis
gumathok lan kudu dilakoni supaya tekan puncak acara bisa diadohke saka
gangguane jin lan setan. Dene aturan kuwi yaiku wajib nglakoni lakon
spiritual menyang pirang-pirang panggonan kaya Tuk Bimo Lukar, kanggo
nyuwun ijin marang Sang Bahurekso, Pangeran Bimo, banjur menyang puncak
Gunung Kendil. Kanggo ngaturake caos dhahar (persembahan) marangt roh
leluhur Kiai Kaladete lan Nyai Larascinde banjur kang pungkasan menyang
Pertapaan Mandalasari Gua Semar kanggo nglakoni semedhi. Isuke, prosesi
ritual nyukur rambut diwiwiti nganggo pagelaran seni tradisional tari
topeng, kang disuguhake kanggo nyenengake para penguasa jagat mistik
dedemit. Bar kuwi, si bocah kang diruwat dimunggahake nang dhokar kanggo
diarak menyang Telaga Warna, diiringi barisan kang nggawa sesajen lan
barang-barang kang disuwun si bocah bajang. Menawa kabeh wis
cumawis, nembe rambut gimbal dicukur marang tetua desa banjur cukuran
rambute digawa menyang Nyi Roro Kidul kanti cara dilarung. Jarene,
menawa panyuwune si bocah ora dikabulake dening wong tuwane, rambute
bakal gimbal maneh.