Petheng.
Panyawang kang katon ana ing njerone kedhaton. Ora ana sawangan liya
kang katon. Among trenyuh amarga kang putra sinuwun, ya putrane nagara
ora urip kang lumrah. Amarga lahire jabang bayi nagara kuwi kanthi
nggawa penyakit kang ngisin-isini. Gudig, penyakit kulit kang katon
banget ana ing mripat sapa kang meruhi.
Sapa
kang ora isin, menawa putrane raja gudigen. Pramila saka kuwi bocah mau
diusir kanthi alus, dititipake marang kadhange kang adoh saka kutho.
Jabang bayi kang durung ngerti sapa wong tuwane kuwi di titipake karo
adhine kang pancen luwih seneng urip ing dhusun.
Ana
kana, bocahe mau dirawat kanthi gemati. Sanadyan dudu anake, nanging
merga during duweni anak pramila bocah mau wis dadi kaya anake dhewe.
Dene bocah mau diparingi asma Joko Sangkrib. Dene saka kanca-kancane
kang meruhi penyakite mila enthuk paraban Joko Gudig.
Pancen
seje. Joko gudig mau kuwi, sanadyan penyakite kang njijihi ananging
merga tlaten lan ulet ndadekake kapinterane. Ngilmu kanuragan kang
diwarahi saka pamane kabeh cepet anggone narima. Kabeh ngelmune pamane
bias dikuwasani. Kang mujudake dene elek rupane pancen kabeh mesti ana
linuwihe.
Saya
dina, saya tambah umure. Lan sansaya dewasa Si Joko Gudig. Samsaya
mikir lan gede anggone nduweni isin. Amarga saka kanca-kancane pada
jijik merga kulite kang pancen nggilani. Kulite kang samsaya dina ora
tambah mari ananging sansaya rusak. Amerga penyakit kang wis kagawa saka
lair kuwi.
Ana
ing sawijining dina Joko nduweni pamikir kepengen golek tamba kanggo
penyakite mau. Joko lunga saka umahe sakwise nyuwun pangestu marang wong
tuwa angkate. Joko lunga menyang pinggere pesisir segara kidul. Dheweke
nglakoni tapa ana ing kono. Ana ing sakjroning tapane dheweke ketemu
karo pawongan tuwa kang ngandhakake menawa tamba kanggo penyakite mau
kanthi tapa pitung dina ing sakjroning wetheng mahesa utawa kebo. Dene
kebo kang kamaksudake dudu kebo kang kaya lumrahe. Ananging kebo bule
(albino) kang ndhuweni kulit putih kaya wong bule. Sakwise kuwi terus
adus ana ing sendang Beji. Kang ora bakal adoh saka tapane mau.
Tenan
sakwise keprungu swara mau banjur lumaku menyang papan kang wis
dikandhakake. Mlebu Jaka menyang wethenge kebo mau. Sakwise kuwi banjur
nyemplung menyang Sumur beji mau. Lan pancen kang jenenge penyakit kuwi
mesti ana tambane. Ora let suwi penyakit mau bisa ilang kanthi laku kang
di lakoni kanthi krenteg ati kang gede. Sakwise mentas Jaka terus
menehi jeneng papan panggonan mau kang pancen wis dadi tambane. Sendang
kuwi dijenengi Sendang Beji utawa sendang arum, amarga ana ing ngisore
wit gede kembang kanthil. Nganti saiki desa kang ana sendang mau jenenge
desa Kebejen kang saka asale saka Beji. Dene sendang ma uterus wae
dianggep minangka sumur kang sacral. Kang bias dadi lantaran kanggo
tamba sakwernane penyakit kulit. Ora sithik wong kang teka lan ziarah
ana ing desa kuwi. Malah ana kang ngususake teka kanggo ngobati penyakit
gatel-gatele utawa gudige.
Sakwise
mari, Joko kang wis dadi pemuda kang gagah tanpa ndhuweni penyakit
terus mlaku maneh mider jagad srawung marang liyan. Joko kang mentas
semedi nerusake lakune kang pncen during tinemu kekarepane. Dheweke
ndhurung rampung anggone semedi. Lakune menyang kulon, sakdawane pesisir
kidul. Sanadyan ombak kang gede teka dheweke tetep wae mlaku. Lakune
ora kandheg sanadyan panas nalika awan, adem nalika udan utawa, petheng
nalika wengi teka.
Sakwise
pirang-pirang dina olehe mlaku, teka ana ing sakwijining desa kang ana
pesisir kidul kulon kutho. Desa kang wujude karang. Ana ing desa kuwi
ana salah sijining Ratu demit kang sekti mandra guna. Pegaweyane seneng
gawe rusuhe para warga desa. Saben surup, ana ing desa kono ora ana kang
wani metu merga menawa ana kang wani metu bakal kaganggu marang Sang
Wora Wari retune demit kono. Wora-wari sejatine salah sijine punggawane
Nyi Roro Kidul kang wani mbalelo tumrape Ratune. Dheweke senenge gawe
sesate para manungsa. Amerga Ratu Kidul ora gelem jenenge dadi elek mula
Wora Wari diusir saka njerone istana kidul. Ananging Sang Wora Wari
nyuwun, menawa dheweke arep ngadegake nagara ana ing cedhake pesisir
kidul.
Joko
Sangkrib kang wetruh kahanan kang kaya manngkono banjur takon marang
warga, sejatine ana lakon apa ing desa kono. Amerga desa akang amba lan
rame menawa awan bisa sepi kaya kuburan menawa wanci wengi. Pitakone
banjur kajawab. Menawa ing wayah wengi Wara Wari Metu lan golek tumbal
menawa ana kang metu ing wayah bengi. Krungu cerita kang kaya mangkono
Joko sangkrib banjur kepengin aweh pitulung lan uga kepengin mangerteni
sejatine sapa Wara Wari kuwi. Dheweke banjur nyuwun pangestu saka lurah
kono kang mimpin desa, menawa mengko bengi dheweke kepengin mangerteni
sapa sang Wara Wari.
Wayah
wis ngancik surup. Sangkrib banjur metu umah mlaku muteri desa. Lakune
kebak tekad pengen ketemu karo sing gawe ribeting desa. Sapa sejatine
wong kuwi. Tanpa ana rasa wedi ana ing njero atine, lakune gagah kaya
macan luwe. Ananging sakjroning laku uga tansah ngati-ati. Amerga
dheweke durung mangerti sapa kang bakal tinemu. Lan lelakon apa kang
bakal diadepi.
Sakdalan-dalan
jebul Jaka dimatake dene Nawang Sih. Salah sijine peri kang urip ana
ing kono. Dheweke minangka widadari kang ayu rupane, uga dadi kembange
bangsa peri ana ing tlatah kono. Panyawange kebak katresnan amerga
kapincut dene Jaka kang pancen wis dadi pemuda kang bagus. Kajaba
mangkono, salah bawane kang andhap ashor mratelakake minangka priyayi
kang tumindak bener uga bangsawan. Saka kuwi Nawang Sih kasengsem dene
Jaka Sangkrib.
Sejatine
Nawang Sih uga lagi nandhang kasusahan. Amerga dheweke ditresnani karo
salah sijine raksesa kang dadi panguwasane para demit ora liya Raja
Wora-wari, ya kang bakal kalawan dene Sangkrib. Amerga Sang Raja
kapincut dene rupane Nawang sih kang ayu tanpa cacat. Kajaba mangkono
sang Wora-wari uga bisa ngalahake Raja asale ora liya bapake Nawang sih.
Tratap.
Atine Sangkrib kang krasa menawa lagi diawasi. Mandeg lakune, nyawang
sak kiwa tenenge. Matane tajem nggoleki sapa kang lagi ngematake. Alon
keprungu swara nyundang jenenge. Swarane Nawang sih kang kanthi rasa
ati-ati manekake ngundhang jeneng wong kang lagi dimatake.
Karo
keprungune swara kuwi katon Kenya kang ayu ana ing panyawange Sangkrib.
Rambute kang ngandan-andan kanthi busana sarwa endah. Kaget. Rasane
Sangkrib meruhi panyawang kang kaya mangkono. Jebul Kenya ayu kang kawit
mau ngematake lakune. Swarane kang alus metu saka lambene Kenya ayu
kuwi. Dheweke terus ngenalake sapa sejatine lan kaperluane menawa bakal
njaluk pitulungan amerga dheweke lagi kena ganggu dene Wora-wari.
Sangkrib
kang krungu swara kuwi uga mangsuli lan ngenalake. Lan dheweke uga
saguh aweh pitulung amarga uga Wora-wari wis gawe ribet karo liyane.
Kajaba saka kuwi uga ngutarakake menawa dheweke kasengsem karo Nawang
Sih. Amerga saka rupane kang ayu kang ndadekake sapa kang nyawang bakal
tuwuh rasa tresna marang kenyaiki. Saka rasa tresna kang tuwuh Sangkrib
uga njaluk menawa bisa musnahake Wora-wari, kapengen ndadekake dheweke
dadi sisihane.
Panjaluke
uga dituruti dene Nawang Sih. Amerga saka mulane Nawang Sih uga wis
kasengsem dene Sangkrib. Lan kanggo nglawan Wora-wari Sangkrib diwenehi
ngerti menawa wadine Sang Ratu yaiku cemeti kang dununge ana ing
sakjrone gunung karang. Lan kanggo njupuk cemeti kuwi kudu kanthi tapa
telung dina. Sakwise Kenya kuwi terus lunga tanpa pamit marang Sangkrib.
Jaka
Sangkrib kang krungu lan wis mangerti wadine kang bakal kaadepi tumuju
menyang gunung kang kamaksud kuwi. Nalika tekan ana perenge gunung kang
jebul cedhak ana pesisir kuwi Sangkrib tapa pendem. Tapane dipendem
awake among katon gulu lan sirahe. Kaya adate wong tapa Sangkrib among
meneng lan memuji dhateng Gusti Kang Murbeng jagad supaya bisa pikantuk
pitulungan.
Telung
dina wis kaliwatan. Sangkrib kang lagi tapa ana ing pereng gunung
karang kang bolong katekanan Sang Ratu kidul. Kanjenga Ratu mangerti apa
kang dadi karep saka Sangkrib. Durung Sangkrib aweh panjaluk ananging
Sang ratu wis aweh pusaka kang pancen digoleki. Pusaka kang awujud
cemeti iku terus digawa marani raja Wora-Wari.
Sakwise
tekan ana ing ngarepe pendapa kedhaton, sangkrib uluk salam menawa arep
sowan marang sang nata. Kapapag para penjaga Sangkrib kagawa ngadep
dene Sang Nata. Penjaga aweh atur marang Sang nata menawa ana pemuda
kang arep ngandegake laune.
Sang
Nata nrima lan takon apa kang dadi perkara dadi sowane. Sangkrib
wangsulan menawa dheweke kapengin ngandegake lakone Sang Nata kang
seneng gawe kisruh. Sangkrib arep nyoba kasektene, lan menawa bisa
menang dheweke mung njaluk dikandhegake lakune Sang Nata. Merga kang
katindakake mung ngrusak katentremane liyan.
Sang
nata mireng, duka. Keprungu tantangane, mudhun terus nyanggupi
panyuwunane. Amarga pancen Sang Nata sakti mandra guna. Wong loro metu
menyang glanggang. Dadi perang kang rame. Pada-pada sektine. Pada
ngetokake kasektene. Dadi gonjang-ganjinge tlatah kono. Saben ngetokake
ngelmune, ana swara gludug kang metu.
Sakwise
pada ngetokake ngelmune lan pada katon kesele, Sangkrib kang wis nggawa
pusaka kang dadi wadine migunakake pusaka kuwi. Sang Wora-Wari kang
weruh pusaka kuwi kaget campur wedi. Sangkrib ora tanpa pikir maneh
migunakake cemeti kuwi. Cemetine dienggo ngantem Sang Nata lan kelaran
dheweke. Sang nata kalah ing glanggang. Lan ngakoni kekalahene, mila
dheweke terus ngabdi marang Sangkrib lan ora bakal nerusake lelakone
kang gawe rekasane liyan.
Sangkrib
kang kasil ngalahake Wora-Wari bali menyang desa. Ana ing dalan
Sangkrib katemu Nawang Sih lan nagih janji arep karma karo Nawang Sih.
Leloron karma nganti tekane pati. Sangkrib kang dai garwane nduwe anak
pitu. Dene Jaka Sangkrib kang bisa kasil ngalahake panguasa munggah dadi
ratu ana ing tlatah kono.