Abad XV Purbalingga, Banyumas, Banjarnegara esih wujud hutan.
Adipati kang sepisan duwe gelar Raden Adipati Wirohudoyo. Mbojo karo
anakeSri Prabu Mundingkawati saka kerajaan Ciridang Barang Sidamar.
Kyai
Raden Adipati Wirohudoyo diwei Gongso Slendro saka sang prabu
Mundingkawati, kang dadi pusakane kabupaten Banyumas. Mangsa
pemerintahan Sri Sultan Hamengkubuwono I pusaka kuwi dipindah maring
Kraton Yogyakarta lan dijenengi Kyai Surakwaja (th 1755).
Raden Katuhu ngembara sekang Banjar nganti tekan kabupaten Wirasaba kang nduweni tujuan arep ngabdi marang sang adipati nanging panjaluke durung bisa diwujudake, terus ngabdi marang kyai Ageng Buwarah, sedulure Adipati Wirasaba.
Raden
Katuhu jujur, setia lan sregep nyambut gawe, mula kyai ageng asih
banget. Aben dina mangkat bareng maring kebone kyai ageng kang amba
banget wong loro pada sregep banget nyambut gawe ana nang kebon kang
subur lan akeh tandurane saking senenge nyambut gawe ora kebon kuwi Joko
Katuhu sering orang gelem dijak bali dening Kyai Ageng, alasane akeh
banget. Mula ana rasa curiga (cubriya) ing atine kyai ageng apa ana
rahasia kang disimpan nang Joko Katuhu. Sawijining dina kyai Ageng
nylidiki lan umpetan nang buri wit-witan samping kebon kuwi. Gaweyan apa
kang arep dilakokake sawise rampung nyambut gawe, Joko Katuhu
ngumpulaken kayu-kayu lan godong-godong garing nganti akeh terus
dibakar. Nang tengah-tengah
geni kang urip gede banget Joko Katuhu mlumpat nganti suwe banget. Metu
saka geni mau Raden Joko Katuhu katon segar banget kaya nembe rampung
adus, ora ana cacat nang awake banjur bali menyang ngumah.
Menangi
kedadeyan kuwi kyai Ageng kaget lan bingung, banjur matur karo Kyai
Adipati Wirahudoyo. Joko Katuhu diundang kanggo ngadep Kyai Adipati lan
ditakoni asal-usul kaluwargane. Saka asal-usule mau Joko Katuhu dianggap
dadi anake lan mbojo karo anak kang putri, Rara Mukatimah,
Kadipaten
Wirasaba esih melu kakuasaane kerajaan Majapahit, setahun sepisan para
Bupati mancanegara wajib nglaporaken hasil tanine. Wektu samono, kyai
adipati wirohudoyo ana alangan, ora bisa menyang Majapahit. Joko katuhu
dikancani Kyai Bawang diprentah supoyo nglaporake menyang majapahit.
Ana
ing majapahit akeh upati mancanegara ngadegaken umah kanggo ngaso
dhewek-dewek, ing kene ana keanehan kang disebabake ilmune jaka Katuhu.
Saben wengi malem Jumat pasanggrahan Wirasaba keton kebakar, nanging yen
dicedaki ora ana apa-apa. Keanehan kuwi wis kedadeyan bola-bali,
Adipati Wirasaba ngerti banjur ngundang jaka Katuhu. Sang Prabu ngerti
yen adipati Wirohudoyo ora duwe anak lanang, jaka Katuhu ditakoni saka
endi asal-usule. Jaka katuhu ngaku apa anane yaiku anak sulung R Harto
Baribin pandhito putra saka Pakuhan parahyangan, krungu katrangan kaya
mengkono, adipati wirohudoyo abang raine lan kaget kelingan kedadeyan
ilange R Haryo Baribin saka majapahit kang wis suwe.
Keris
kang dienggo Joko Katuhu disuwun terus diteliti, pancen bener pusaka
kuwi dhuweke adhine. Adipati Wirohudoyo ngakoni kekeliruane marang
adhine nganti ngusir saka majapahit. Kanggo nebus kesalahane, sang prabu
ngangkat Joko Katuhu dadi adipati anom ing sekitare gunung sindoro
sumbing, lan Joko Katuhu didhaupake karo dewi Sampur putrane sang prabu
lan diwenehi hadiah kang arupa gajah. Swisw kabeh rmpung, Joko Katuhu
bali menyang Wirasaba kanggo ngayahi pegaweyan kang ana ing Kadipaten.
Hadiyah
kang kaya mengkono kuwi, gawe irine kyai Bawang. Dheweke nyesel kok
dudu aku kang kautus makili adipati Wirohudoyo. Dheweke nduweni kreteg
ala kanggo ngilangi Joko Katuhu. Kyai Bawang wektu balik menyang
Wirasaba njaluk ijin balik dhisitti lakune, alesane kanggo nyiapake
upacara wisudane Joko Katuhu. Tekan ing Wirasaba dheweke wadul menyang
Kyai Adipati Wirohudoyo yen Joko Katuhu arep ngrebut kalungguhane kyai
adipati. Kyai Bawang nyuwun ijin arep methuk Raden Joko Katuhiu kanthi
nggawa wadya bala saka kabupaten. Kyai wirohudoyo sejatine ora percaya
marang wadulan mau, nanging akhire Kyai Wirohudoyo ngijinake kyai Bawang
nggawa wadya bala.
Rombongan
Kyai Bawang ketemu karo rombongane Joko Katuhu ning Kalipalet (saiki
Banjarnegara). Saka perang omongan nganti tekan peperangan kang rame lan
sengit banget. Ana nang perang kuwi Kyai Bawang karo anake loro lan
para wadya balane padha mati kabeh, mayat mayate kuwi digawa menyang
Wanasoba.
Butul nang Wirasaba Raden Joko Katuhu disambut apik lan rame banget dening para rakyat kadipaten. Raden Joko katuhu nglaporaken kedadeyan
kabeh kang wis tau dialami dheweke yaiku tau dadi duta sang adipati lan
didadeake adipati arom nganti meh bae dadi korban fitrahe kyai Bawang
padahal raden Joko Katuhu percaya banget marang dheweke.
Sanak
kaluwarga kadipaten senang lan ngucapaken syukur marang karunia kang
diwenehake marang anak angkate. sang adipati. ngraos menawi dheweke wis
krasa tua, jabatan adipati diwenehaken maring Adipato Anom Jaka Katuhu,
kang nduweni gelar Kyai Raden Adipati Wirahudoyo.
Nganti
matine Kyai Adipati Wirohudoyo umah-umah ana ing desa kecepit (daerah
Banyumas) lan jenajahe disarekaken ing pesarean pakukceh.
Sumber :http://sastra-jawa007.blogspot.com
Sumber :http://sastra-jawa007.blogspot.com