Maha
Prabu sri Kandihawan utawa Prabu Sowelocolo kang kuwasa ana ing krajan
Medangkawit utawa Medangkamulan duwe anak 5 yaiku: Raden Jaka Panuhun,
Raden Jaka Sanggarba, Raden Jaka Karungkala, Raden Tunggulametung, lan
Raden Petungtantara. Raden Jaka Panuhun kang pinter ing babagab tetanen,
ngganti Prabu Sri Kandihawan dadi raja lan mindhah ibu kota krajaan ing Pagelen.
Raden Jaka Panuhun duwe anak loro cacahe nanging cacat kabeh, kalorone
cebol lan kerdhil, dhuwure mung sadhuwure tongkat bedhil. Weruh anake
kang kaya mangkono kuwi, Raden Jaka Panuhun sedhih lan pungkasane
dheweke tapa brata nyuwun marang Kang Kuwasa. Raden Jaka Panuhun oleh
pituduh saka swara gaib sing akon supaya dheweke nikah karo putrine ki
Buyut Somolangu. Saka kuwi, Raden Jaka Panuhun duwe putra sing jenenge
Raden Bagus Jaka Pramana.
Sri Getayu adhine Raden Jaka Panuhun sing pinter ing babagan agama,
marentah ing Pamegatan. Kasalehanne ing babagan agama agawe asring
ninggalake negara kanggo tapa brata. Sri Getayu duwe putra sing jenenge
Raden Kayumutu. Raden Bagus Jaka Pramana sawise dhiwasa ngganteni
bapakne marentah ing Pagelen kanthi gelar Sri Panuhun II. Sri Panuhun II
duwe putri sing jenenge Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Kayumutu sawise
dhiwasa uga ngganteni bapakne marentah ing Pamegatan. Raden Kayumutu
duwe putra sing jenenge Raden Jaka Awu-Awu Langit.
Dyah Ayu Roro Wetan salah sijine putri sing ayu kaya dene Dewi
Kamaratih. Kabar kondhange putri sing ayu kuwi nganti tekan
plosok-plosok negri, ora kejaba kabupaten Wingka kang diparentah dening
Raden Tumenggung Wingka, salah sijine wong kang duwe watak atos, ati
getas, kasar, lan brangas. Raden Tumenggung Wingka duwe ati marang Dyah
Ayu Roro Wetan lan pengin nglamar dheweke supaya dadi bojone. Raden
Tumenggung Wingka akon ki Wedana Braja supaya nglamarake anake Sri
Panuhun II yaiku Dyah Ayu Roro Wetan. Sri Panuhun II nesu krungu
pangakune ki Wedana Braja kang dadi kongkonane Raden Tumenggung Wingka
amarga ora gelem ngadhep panduwure lan nglangkahi andhap asor.
Raden Tumenggung Wingka ora trima marang panolake Sri Panuhun II.
Dheweke duwe rencana arep nggempur krajan Pagelen. Rencanane
enggal-enggal digawe. Sri Panuhun II ngrasa jengkel lan anyel marang
polahe Raden Tumenggung Wingka. Kango ngilangake rasa jengkele, Sri
Panuhun II lunga neng alas karo pangawale kanggo mbeburu satwa liar.
Raden Tumenggung Wingka enggal-enggal nglakoni rencanane. Dheweke lan
rombongane enggal-enggal nyerbu krajaan Pagelen. Ndilalah krajan sepi
amarga para pengawal lagi ngeterake Sri Panuhun II mbeburu ana ing alas,
Raden Tumenggung Wingka enggal bisa mlebu ana ing jero krajaan. Raden
Tumenggung Wingka kasil nrobos mlebu lan nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan.
Permaisuri Sri Panuhun II kaget krungu reribut lan enggal-enggal
nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan sing lagi turu. Pawarta saka ibune durung
rampung, lawang keputren wis
didhobrak. Pamungsuhan karo Raden Tumenggung Wingka kadaean ana kono
kanggo mbela awake dhewe. Kakuwatane Dyah Ayu Roro Wetan ora sabandhing
karo Raden Tumengung Wingka, Dyah Ayu Roro Wetan semaput saengga niyate
Raden Tumenggung Wingka katurutan kanggo nyulik Dyah Ayu Roro Wetan.
Sri Panuhun II kang lagi mbeburu ngrasakake pirasat kang ora apik, mula
enggal-enggal dheweke lan rombongane mulih ana ing krajan. Kasep
kanggone Sri Panuhun II, krajaan Pagelen wis
morat-marit. Sri Panuhun II enggal-enggal nggoleki permaisuri lan
anake, nanging sing ditemokake mung permaisuri kang semaput. Sawise
sadhar, permaisuri enggal-enggal nyritakake kadadean kang lagi wae
dumadi. Sri Panuhun II nyerbu demi kaurmatane Pagelen arepa tangane wis kakuras amarga lagi wae mbeburu ana ing alas.
Raden Tumenggung Wingka ngerti yen mungsuh mesthi bakal teka kanggo
mbales kalakuwane, mula dheweke siyap jaga sakabehe kanthi masang telik
sandi ing kabeh panggonan krajaan. Sri Panuhun II tekan ana ing
kabupaten Wingka lan enggal-enggal entuk serangan amarga dheweke wis
siyap. Paperangan antarane Raden Tumenggung Wingka lan Sri Panuhun II
kadadean ana kono, nanging kasektene Raden Tumengung Wingka pranyata ora
bisa disepelekake. Raden Tumenggung Wingka menang. Sri Panuhun II kena
ing gegamane Raden Tumenggung Wingka, awake gumletak tanpa daya. Raden
Tumenggung Wingka ngira yen mungsuhe wis
mati banjur mbuwang Sri Panuhun II lan prajurite ana ing kali Lerang.
Pagelen enggal-enggal dikuwasani dening Raden Tumenggung Wingka.
Raden Kayumutu lan Raden Jaka Awu-Awu Langit ngliwati kali Lerang
kanggo lunga nyekar ing leluhur. Katon saka kadohan ana wong keli.
Rombongan Raden Kayumutu enggal-enggal nylametake wong-wong kasebut kang
salah sijine yaiku Sri Panuhun II. Sri Panuhun II digawa ana ing
Pamegatan. Sawise sadhar, dheweke nyritakake kadadean paperangane karo
Raden Tumenggung Wingka. Rumangsa dadi sedulure, Raden Kayumutu arep
ngewangi Sri Panuhun II. Raden Kayumutu ngundang putrane Raden Jaka
Awu-Awu Langit lan arep mbales kalakuwane Raden Tumenggung Wingka kanthi
cara adu pitik jago. Raden Jaka Awu-Awu Langit nggawa “Awu Bendo”, sing sing cakar lan kukune landhep banget lan bisa mbekas ana ing watu.
Raden Tumenggung Wingka ngrasa sedhih lan nggresula amarga Dyah Ayu
Roro Wetan ora gelem dadi bojone. Raden Jaka Awu-Awu Langit teka ana ing
krajan Wingka kanggo perlu adu pitik jago lan disambet kanthi apik
dening Raden Tumenggung Wingka amarga dheweke seneng dolanan kaya kuwi
sisan kanggo nglipur kasedhihane amarga saka panolake Dyah Ayu Roro
Wetan. Raden Tumengung Wingka mungsuh Awu Bendo duweke Raden Jaka
Awu-Awu Langit nganggo Galih Ireng. Kalodhangan kuwi digunakake kanthi
tenanan. Nalika kabeh lena, tanpa mikir dawa maneh Raden Jaka Awu-Awu
Langit nyundukake keris pusakane ana ing awake Raden Tumenggung Wingka
lan sanalika kuwi Raden Tumenggung Wingka tiwas. Pangawale nyerah tanpa
nglawan maneh weruh majikane wis mati.
Raden Jaka Awu-Awu Langit kasil nggawa Dyah Ayu Roro Wetan kanthi
slamet. Sri Panuhun II nyambut kamenangane Raden Jaka Awu-Awu Langit
kanthi seneng. Pagen wis
ana ing tangane lan Dyah Ayu Roro Wetan dinikahke karo Raden Jaka
Awu-Awu Langit, Raden Jaka Awu-Awu Langit dadi gantine Sri Panuhun II
kanthi gelar Adipati Cokropermono.
Dyah Ayu Roro Wetan lan adipati Cokropermono duwe anak telu jenenge
Roro Pitrang, Roro traker, lan sing ragil Bagus Gentho. Adipati
Cokropermono seneng nenandur kaya nandur pari lan dhele sarta ngingu
sapi, wedhus, lan iwak sepat, dene Dyah Ayu Roro Wetan seneng nenun
nggawe bathik. Dyah Ayu Roro Wetan duwe payudara sing dawa banget
saengga yen anake arep netek gari nyampirake ana ing buri. Ing
sawijining wektu, Dyah Ayu Roro Wetan lagi sibuk ujug-ujug dheweke
ngrasakake ana sing netek saka buri. Ngira yen iku anake Dyah Ayu Roro
Wetan meneng wae. Ora let suwe Adipati Cokropermono ana ing kono lan
enggal-enggal ngelikake Dyah Ayu Roro Wetan supaya ngendhegage gaweyane
lan nengok ana buri. Dyah Ayu Roro Wetan nuthuk pedhet nganggo palang
kanthi nesu.
Adipati Cokropermono nakokake ana ing ngedi anak-anake. Nanging sing
ana ing kono mung Bagus Gentho. Dyah Ayu Roro wetan kandha yen wiwit mau
Roro Pitrang lan Roro Traker melu Adipati Cokropermono lunga., mung
Bagus Gentho sing ana ing kono. Kalorone banjur nggoleki anake sing
ilang, nganti ana abdi sing teka lan ngabari yen abdi mau weruh anake
lagi dolanan lan mlebu ana ing lumbung.
Dyah Ayu Roro Wetan lan Adipati Cokropermono enggal-engal akon para
abdi kanggo ngosongake kabeh lumbung sing kebak pari. Ngrasa yen ora
sabar weruh tumandange para abdi kang rada alon, Dyah Ayu Roro Wetan
njupuk galah lan ngudhek isi lumbung kasebut kanthi ceceran, kuntal
menyang endi-endi. Sawise entek, katon anak lorone mau teturon lemes ana
ing pojok. Kalorone wis ora ana nyawane.
Dyah Ayu Roro Wetan krasa jengkel lan anyel marang Adipati
Cokropermono. Adipati Cokropermono dhwe ora trima yen disalahake,
mbalekake kaluputane marang Dyah Ayu Roro Wetan, mula kalorone banjur
padu. Adipati Cokropermono ngrasakake yen padu kaya kuwi ora ana enteke,
mula dheweke pengin pisah lan arep mulih ana ing Pamegatan Awu-Awu
Langit. Dyah Ayu Roro Wetan nyarujuki panjaluke bojone. Pungkasane
kalorone pisah. Dyah Ayu Roro Wetan netep ana ing Pagelen, nerusake
pamarentahan dadi putri panguwasa kanthi sebutan Nyai Adipati utawa Nyai
Ageng Bagelen.
Nyai Ageng Bagelen ngetokake supata kanggo anak putuneb, yaiku ora
entuk lelungan nggolek rejeki ing dina Anggara Kresna (Selasa wage), ora
entuk nandur pari pulut ketan ireng, ngingu sapi ireng, kabeh wanita
Bagelen uga ora entuk ngango klambi Sendhang Gadhung Mlathi, tapih lurik
warna ijo, lan kemben bango tulak.
Nyai Ageng Bagelen marentah Pagelen nganti tuwa lan pungkasane seda.
Sasedane Nyai Ageng Bagelen, Bagus gentho ngganteni ibune marentah
Pagelen.