Jaman biyen ing kraton Kedhiri ana pangeran kang aran pangeran Jaka
Slewah. Diarani Jaka Slewah amarga pawujudane pancen “slewah” utawa
ora kaya manungsa lumrah liyane. Cacat kang disandhang dening pangeran
iku wis digawa wiwit dheweke lahir. Cacate sang pangeran yaiku separo
awake saka rai tekan sikil separo sing tengen coklat lan separo sing
kiwa bule. Nalika pangeran wus ngancik dewasa, dheweke ditundhung saka
kraton dening sang prabu. Alasane yaiku amarga cacate sang pangeran kang
panggah ora mari-mari, saengga sang prabu isin karo kahanane putrane
iku.
Pangeran Jaka Slewah lunga saka kraton Kedhiri. Sawijining dina nalika
dheweke lagi turu ing ngisor wit, ana pawongan tuwa kang nekani dheweke
ing jero impene. Wong tuwa iku aweh wangsit manawa cacate sang pangeran
bisa mari kaya manungsa lumrah yen dheweke nglakoni tapa “ngrame” mlaku mangulon, lan mlakune mau kudu dikancani wanita kang bakale ketemu ing dalan. Wanita iku jenenge Nyi Rantamsari.
Saka wangsit kang ditampa ing impene mau, pangeran banjur mlaku arah
mangulon. Nalika lagi nglakoni tapa mlaku mangulon, ing dalan ketemu
karo sawijining wanita kang aran Nyi Rantamsari. Pisanan ketemu karo
pangeran, Nyi Rantamsari langsung duwe rasa seneng. Amarga iku, nalika
sang pangeran nerusake lakune, Nyi Rantamsari terus wae ngetutake
pangeran. Pangeran Jaka Slewah uga ora nulak utawa menging Nyi
Rantamsari supaya ora ngetutake dheweke, amarga iku minangka salah siji
saka syarat kang kudu dilakoni supaya dheweke bisa pulih dadi manungsa
saklumrahe.
Tekan ing sawijining papan gumuk sakidule pegunungan Menoreh sang
pangeran ngaso karo tapa ana ing sangisore wit gedhe. Saksuwene sang
pangeran tapa, Nyi Rantamsari nunggu karo tetembangan. Nyi rantamsari
banjur ngundang warga sekitar utawa wong-wong sing liwat papan kono lan
diajak tetembangan bareng amrih sari (amrih sari: supaya rame),
kanggo panglipur. Sawise pirang-pirang dina dienteni ora muncul-muncul,
Nyi Rantansari niliki panggonane tapa pangeran. Bareng ditiliki jebul
sang pangeran wis lunga saka papan tapane mau.
Pangeran Jaka Slewah sengaja ninggalake Nyi Rantamsari amarga apa sing
dituju wus kasembadan. Awake wis pulih dadi saklumrahe manungsa liyane.
Mlaku mangulon dikancani wanita sing jenenge Nyi Rantamsari, lan tapa
ngrame (ngrame marga Nyi Rantamsari tetembangan bareng warga kang
ndadekake kahanan dadi rame) wis dilakoni saengga dheweke bisa pulih
kaya kang dikarepake.
Amarga ditinggal dening pangeran, Nyi Rantamsari banget kuciwane.
Dheweke banjur ipat-ipat manawa papan ereng wetan dijenengi “Kesingireng”, sing kulon dijenengi “Slewah”.
Dene wong sisih kulon ora kena bebesanan kari wong sisih wetan, wong
kesingi ora kena bebesanan karo wong slewah. Yen dilanggar anak turune
mesti cacat kaya Jaka Slewah. Lan iku isih dipercaya nganti saiki. Dene
papan sing mau digunakake kanggo tetembangan dening Nyi Rantamsari
banjur dijenengi “Ngati Sari”.