Ana
desa jenenge Kedungbenda, Kecamatan Kemangkon kabupaten Purbalingga.
Panggonane sakulone kali Klawing. Miturut crita bisane diarani
Kedungbenda merga masyarakat ing desa kuwi akeh kang duwe harta benda
uatawa banda.
Ing
desa Kedungbenda ana kali sing diarani kali Bungul. Ing panggonan kuwi
banyune bening lan akeh iwak-iwak cilik padha nglangi. Kali Bungul
dianggep kramat dening warga sekitar, merga banyu sing ana ing kana
tetesan banyu para dewa , masyarakat sekitar ora ana sing wani adus ning
kana, apa maneh njukut banyune. Mitose yaiku sapa kang wani adus bakal
kena kutukane para dewa yaiku kulite gatel-gatel. Merga ana larangan
kaya kuwi dadi dukuh sing ana ing sebelah wetan kali Bunul diarani dukuh
Larangan. Wong kang urip ing desa Kedungbenda dikenal serba kecukupan
alias sugih-sugih.
Kacarito
ing dukuh Larangan, desa Kedungbenda ana wong kang urip sugih banget
kang arane Satirta. Kabeh wong ngerti dene Satirta dianggep womg kang
paling sugih ning desa Kedungbenda.
Merga
Kedungbenda dikenal desa kang masyarakate serba kecukupan, ana salah
sijine wong kang duweni niat ora apik, wong mau jenenge Joko Lelana.
Dheweke arep nyolong bandane Satirta. Awan bengi ngincengi umahe
Satirta, golet kesempatan kang pas kango nyolong bandane. Kanthi
nyamar-nyamar dadi suket lan pengemis.
Let
pirang dina desa Kedungbenda ketekan ulama sing arane Suka Sabda sing
artine seneng aweh wejangan. Tekane Suka Sabda ing Kedungbenda arep
nyebarke agama Islam, ben masyarakat padha mlaku ing dalan kang bener. Dheweke nduweni daya linuwih, sing bisa weruh kedadeyan sing arep kedadeyan.
Kanggo
nggagalake niat alane Joko Lelana, Suka Sabda mampir lan mertamu ning
umahe Satirta. SAtirta bingung amarga umahe ketekan tamu kang during
dikenal. amarga wektune wis kesoren dadi Suka Sabda nginep ning umahe
Satirta. Sewengi suwene Suka Sabda njagani umahe Satirta karo nyambi
nyebarake agama islam.
Awit
sore Joko Lelana wis nyusun niat alane lan wis nduweni angen-ange bakal
olih asil colongan akeh. Nanging nganti tengah wengi SAtirta during
turu, dheweke ngobrol karo Suka Sabda. Akhire Joko Lelana bali menyang
panggonane tanpa asil apa-apa.
Srengenge
wis katon padhang, ora let suwe Suka Sabda bali maneh menyang umahe
Satirrta. Dheweke ngomong menawa umahe Satirta dadi incerane maling mula
dheweke nginep ning umahe Saturta. Krungu kaya kuwi, Saturta dadi isin
amarga dheweke krasa awit sepisan ketemu Suka Sabda, dheweke wis
ndhuweni prasangka elek.
Oara
kanyana Joko Lelana ngrungoke omongane wong loro mau, banjur dheweke
nesu lan nyusun ranaman utawa rancangan elek maneh. Niate menawa Joko
Lelana metu saka umahe Satirta, gulune arep ditugel. Kanyatane sabetane
Joko Lelana mleset, malah sing kena anune. Saking larane, Suka Sabda
ngguling-ngguling utawa gelimpangan. Panggonan tibane Suka Sabda diarani
Gelimpangan lan saiki owah dadi dukuh Gelempang.
Awit
kedadeyan kuwi Joko Lelana ngoyak Suka Sabda nganti kuburane. Banjur
wong loro mau mlebu ing jero bumi kabeh. Desa mau dijenengi dukuh Soka
Sada.
Barange
Suka Sabda kang kekethok mau dadi watu kang bentuke barange wong lanang
kang ukurane dawa 32 cm, amba 29 cm lan kandele 23 cm.
Sumber :http://sastra-jawa007.blogspot.com
Sumber :http://sastra-jawa007.blogspot.com