Bleber
(kang diomongake saben dinane dadi Mbleber) lan Jiglong yaiku jeneng-
jeneng panggonan kang ana sejarahe sing ngasi saiki isih dikenal karo
masyarakat Kuta Pati. Bab kaya mangkana kuwi, kadadean uga ana ing
ngendi- endi kang critane beda-beda. Amarga diomongakea dening wong
akeh. Ana crita jeneng-jeneng desa, pemakaman, dalan, kali, jembatan,
lan liya-liyane. Crita Bleber lan Jiglong kuwi salah sawijining dogeng
kang kabenerane pantes dicatet. Critane saka tokoh legenadharis, yaiku
Baron Sekeber.
Baron
Sekeber kuwi nonoman saka Negara Belanda, kang urip ing jamane
Kadipaten Pati utawa Pesantenan ing abad 14 M. Jeneng asline sebenere
nganggo Bahasa Belanda, nanging dikenal dening wong-wong Jawa Baron
Sekeber.
Dheweke
nonoman kang pinter, ganteng, gagah, wani, gigih, lan mahir olah
kaprajuritan. Kuwi kang nyebabake dheweke sanggup ngemban wejangan
gurune, supaya ngumbara adoh ing sebrang segara. Nalika semana,
semangate Baron Sekeber kanggo ngumbara menyang donya gedhe benget.
Ketambahan nalika semana akeh Bangsa Eropa kang padha kaya dheweke.
Salah sijine kekarepane yaiku Bangsa Eropa kuwi bisa ana ing dhaerah
Jawa. Amarga ing kana wiwit jaman kuna wis dikenal subur, makmur lan
akeh kekayaan alame.
Baron
Sekeber anak antang- anting. Dheweke biyen mung urip karo wong tuwane
loro karone. Nanging banjur ana kadadean kang ora dinyana-nyana. Bapake
Baron Sekeber mati, amarga duwe ala. Dheweke oleh wejangan saka Bapake,
yen pengin dadi wong kang agung kudu nduweni ilmu kang akeh.
“Baron
Sekeber, anaku lanang, Bapak wis ora bisa ngancani lan nuntun kowe
meneh. Bapak kepengin sapaninggale aku, kowe bisa dadi wong kang agung”.
Kuwi pesene bapake marang Baron Sekeber (yen nganggo basa Jawa)
Ora
nganti suwe Baron Sekeber uga ditinggal Ibune. Ibune kawin meneh karo
wong lanang liya. Kuwi kang nyebabake tekate Baron Sekeber tambah kuwat.
Ing kana dheweke wis ora duwe sapa-sapa meneh. Dheweke mantepake atine
tenan-tenan kanggo ngelanglang buwana ing donya, kang ora liya ing
tlatah Jawa.
Karo
semangat lan tekat kang gedhe, Baron Sekeber banjur mangkat menyang
tlatah Jawa. Lakune mbutuhake wektu kang suwe lan uga akeh tantangane,
amarga saranane mung liwat dharat lan segara. Nanging alangan apa wae
ora ngendhoni niate Baron Sekeber supaya cepet tekan tlatah Jawa. Bareng
wis ngancik taunan dheweke, banjur lagi tekan ing bumi Mataram kang
saiki dikenal karo jeneng Yogyakarta.
Wiwite,
Baron Sekeber ora ditampa dening masyarakat. Amarga perawakanne Baron
Sekeber kang duweni kulit putih, rambute pirang, matane biru sing nggawe
seneng masyarakat. Ora suwe omongan wong-wong ngenani dheweke saya
santer, wong-wong padha rerasan ing sanggon-nggon. Babagan kuwi kang
malah ndadekake para prajurit ing Kerajaan Mataram ngerti, amarga padha
krungu desas-desuse anane wong Belanda ing bumi Betawi, kang saiki
dikenal Jakarta.
Amarga
krugu desas-desus kuwi Baron Sekeber dilaporake marang Raja Mataram,
banjur ana prentah supaya nyekel Baron Sekeber. Embuh kuwi karo cara
alus apa karo cara kasar, sing penting Baron Sekeber kecekel. Nanging
Baron Sekeber lolos saka ranjau kang digawe Praurit Mataram. Amarga ora
kecekel lan saiki dadi buron, dheweke saiki banjur ngumbara ing dhaerah
Jepara supaya bisa cedhak karo wong-wong Eropa sing wis manggon suwe ing
kana.
Jebule,
dalan kang tunuju ing dhaerah Jepara ora gampang kaya bayangane. Ing
dalan uga akeh alangane, ing ngendi wae dheweke dadi omongane wong,
ditakoni asal-usule, lan ora dipercaya niat apike. Malah dheweke kerep
dicekel bajur diukum dening para petugas keamanan. Amarga akehe alangan
kang ngalangi rencanane, dheweke banjur duweni niat kanggo ndhelik
supaya bisa ngindhari para prajurit lan kanggo ngasah kasektenane, uga
ngatur siasat kanggo mengko sateruse. Niate dheweke sansanya mantep
amarga oleh impen, ing ngimpine kuwi dheweke weruh guwa kang apik kanggo
tapa. Baron Sekeber menehi emas marang nelayan, kuwi supaya dheweke
diterake menyang guwa kuwi. Guwa kuwi ana ing Gunung Patiayam dhaerah
Muria.
Adipati Jayakusuma kang nduweni kekuwasaan ing Kadipaten Pesantenan (Pati) uga
nduweni niat kang padha karo Baron Sekeber. Sang Adipati oleh wangsit
gaib, supaya tapa ana ing Gunung Patiayam kana, kanggo ngimba ngelmu
kang akeh. Kekarepane sang Adipati didhukung dening wong akeh. Salah
sijine dheweke didhukung dening penasehate kang ana ing Pulo Mandikala,
kang ora adoh saka Muria. Adipati Jayakusuma menehi prentah penasehate,
supaya niliki kahanan ing Gunung Patiayam panggonan kang arep dienggo
tapa.
“He,
penasehatku, aku kepegin supaya kowe nilikki kahanan kang ana ing
sajerone Guwa kang ana ing Gunung Patiayam kana. Amarga aku arep tapa
menyang kana.”
“Sendika dawuh Gusti.”
Banjur
penasehate ngelaporake yen ing kana wis dinggo tapa dening wong lanang
kang perawakane gedhe dhuwur lan kulite putih. Krungu kabar kaya
mangkono, sang Adipati bingung, dheweke mikir sapa sing tapa ndhisiki
dheweke. Sang Adipati banjur lunga menyang Gunung Patiayam. Adipati
Jayakusuma nguculi kabeh busanane, dheweke lunga kaya wong-wong biasa.
Bareng
tekan guwa kana, sang Adipati kaget. Jebule apa kang dikandhakake
dening penasehate ngenani wong lanang kuwi, bener. Kang nambahi kagete
sang Adipati, nonoman kuwi wong asing. Beda karo Baron Sekeber, yen
dheweke isih ajeg tenang lan santun, tanpa nduweni rasa wedi. Malah
dheweke crita marang Adipati Jayakusuma ngenani asal-usule dheweke lan
kena apa dheweke bisa ana ing kana. Baron Sekeber uga kandha marang
Adipati yen dheweke seneng ana ing tlatah Jawa.
Krungu
omangane Baron Sekeber kang kaya mangkana, atine Jayakusuma ora tenang.
Dheweke wedi yen kekuwasanane ing Kadipaten kana dirusuhi dening Baron
Sekeber. Ing jero atine sang Adipati mikir, “nonoman kuwi kudu
disingkirake adoh-adoh, yen perlu kudu dipateni. Mbok menawa saiki
ketoke apik lan sopan, nanging sapa ngerti besuk dheweke gawe pekara.”
Maune
Sang Adipati lan Baron Sekeber omong-omongan apik, akrab senadyan
basane beda. Nanging ora suwe malah dadi tukaran, wong loro padha-padha
ngrasa nduweni hak ana ing panggonan kana. Baron Sekeber ngrasa teka
luwih dhisik, yen Adipati Jayakusuma ngrasa yen kana kuwi wilayahe
dheweke. Maune mung tukaran padu, nanging malah dadi perang adu
kanuragan. Nganti ana gempa bumi lan udan deres, sing ndadekake korban
akeh.
Bareng
ana korban, loro karone lagi padha sadhar yen tukarane kuwi nggawe
cilakane wong-wong kang ora ngerti apa-apa. Banjur wong loro kuwi apikan
meneh, nanging nganggo kasepakatan. Baron Sekeberoleh manggon ing
wilayah Kadipaten Pati, kang suwe-suwene rongtaun. Kuwi mung kanggo tapa
utawa nggolek ilmu, dheweke ora oleh ngganggu katentremane wong-wong
kana. Besuk yen wis tekan wektune, Baron Sekeber kudu ninggalake kono
apik-apik.
Wiwit
kuwi, wong loro nglakoni urip dhewe-dhewe. Senadyan padha-padha ana ing
Guwa Patiayam. Adipati Jayakusuma liwat lorong gedhe kang jebole nembus
segara, yen Baron Sekeber oleh panggonan kang nembus alas. Panggonan
kuwi ngepenakake Baron Sekeber, dheweke bisa ndeloki kahanan tlatah Jawa
sakabehane. Yen awan Baron Sekeber tapa ing panggonane kana, nanging
yen wayah wengi dheweke lunga ing ngendi-ngedi nggolek lelakon. Nganti
ngerti asal-usule dhaerah pesisir lor Jawa. Baron Sekeber nandhang
katresnan marang bocah wadon kang jenenge Rara Suli. Bocah wadon kuwi
kembang desa ing Desa Kemiri.
Ora
suwe, ana kabar yen Rara Suli meteng. Dheweke ngaku yen nandhang
katresnan karo bangsa alus. Gosip kuwi nggemparake sapenjuru tlatah
Jawa, nganti Rara Suli nglairake bocah kembar. Bocah kembar kuwi mau
kulite putih lan mripate biru. Rara Suli diboyong menyang kerajaan lan
dihakimi supaya dheweke gelem ngaku sapa kang dadi bapake bocah kembar
kuwi. Nanging Rara Suli tetep ora gelem ngaku, weruh bocah kembar mau,
Sang Adipati kelingan karo Baron Sekeber. Banjur diputusake, yen Rara
Suli didadekake selir lan bocah kembare dipek anak dening Adipati
Jayakusuma. Bocah kembar kuwi dijenengi Suwenda lan Danurwenda.
Gedhene
bocah kembar kuwi cepet banget, ora kaya bocah liyane. Bocah kuwi
pinter, lan ndadekake sapa wae sing bakal seneng. Nanging babagan kuwi
kang malah nggawe bingung atine Sang Adipati, sing kelingan marang Baron
Sekeber. Baron Sekeber nduweni kasepakatan karo sang Adipati, yen win
rong taun dheweke kudu ninggalake Kadipaten Pati. Nanging saiki malah
ora ana sing weruh ana ngendi Baron Sekeber.
Bareng
Baron Sekeber wis ditemokake dening Sang Adipati, dheweke banjur
ditantang kasektene supaya nglangi ing segara. Yen Baron Sekeber menang,
dheweke oleh urip ing Kadipaten Pati nganti sasenenge. Nanging yen
dheweke kalah kudu ngabdi menyang Kadipaten.
Baron
Sekeber diliciki dening Sang Adipati, nganti dheweke kalah. Wiwit kuwi
Baron Sekeber dadi juru taman ing Kadipaten Pati , dheweke uga ngurus
jarane Adipati Jayakusuma.
Oleh
tugas supaya ngabdi ing Kadipaten nggawe atine Baron Sekeber seneng.
Dheweke bisa nyolong-nyolong wektu kanggo nemoni Rara Suli lan bocah
kembar anake kuwi mau. Ora dinyana nalika Baron Sekeber lagi guyon karo
Rara Suli lan bocah kembar, Adipati Jayakusuma ngonangi.
“Wiwit biyen aku wis ngira yen kadadean iki bakal ana,” Adipati Jayakusuma ngomong karo nesu-nesu marang Baron Sekeber.
“Apa
wae bakal tak adhepi, supaya Rara Suli bisa tetep karo aku. Amarga Rara
Suli lan bocah kembar iki ora liya kuwi duwekku” Baron Sekeber mangsuli
lan percaya yen dheweke kuwi bener.
Sang
Adipati meneng wae, ora ngomong apa-apa. Nanging sang Adipati malah
langsung ngunus Baron Sekeber karo keris Rambut Pinulung. Baron Sekeber
banjur mati.
Rara
Suli lan bocah kembar kang weruh kuwi pdha kaget, sedih lan wedi. Sang
Adipati uga ora ngira yen Rara Suli njaluk keris saka tangane Sang
Adipati cepet benget, keris kuwi banjur diunusake ing dhadhane Rara Suli
dhewe.
Weruh
kadadean kang tragis kuwi mau, bocah kembar banjur mlumpat lan mlayu
saka Kadipaten. Sanalika ana prentah supaya ngoyak bocah loro kuwi. Ing
ngendi-endi rame.
Mesakake
nasipe Sirwenda. Bener dheweke wis bisa lolos nglumpati pager dhuwur ig
Kadipaten, naging dheweke malah tiba njengkulit lan langsung mati ing
sisihe tembok kana. Panggonan kuwi saiki dadi prapatan dalan kang
dikenal jenege Mbleber sing artine “mlumpat dhuwur karo lincah” saiki panggonan kuwi ana ing sisih wetan alon-alon Pati.
Yen Danurwenda padha wae ora slamet. Dheweke uga mati, amarga kecemplung ing kali pas dheweke arep nyabrang kretek ing sak jabane Kadipaten. Kejeglong utawa jiglong miturut dialeke wong Pati. Jeneng kuwi ngantii saiki isih ana, yaiku dinggo jeneng kretek cilik sangarepe markas Komando Distrik Militer (Kodim) ing Pati.
Critane, wektu acara pemakaman mayit-mayit malang kuwi Adipati Jayakusuma krungu bisikan.
“Wahai, Sang Adipati elingana besuk bakal ana wong kulit putih kang bales dhendham ing Kadipaten Pati kene.”Sumber :http://sastra-jawa007.blogspot.com