Sakdurunge
ana kerajaan Mataram (Jawa Tengah), ana wong loro kang urip ing pajang
lan kekancan raket. Yaiku Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan.
Kelorone kekancan wis kaya sedulur sekandung.
Ing
salah sawijining wengi, kelorone nglakoni tapa. Ki Ageng Giring oleh
wangsit saka Allah SWT. Yaiku sasmito gaib kang isine kabeh kekarepane
bakal terkabul, yaiku olih wahyu keraton tanah jawa. Nek bisa nginum
banyu dewegan, kang wit krambil mburi omahe.
Ki
Ageng Giring langsung bali lan ngarah dewekan mau, sing ana ing
wangsite mau. Ning dheweke durung krasa ngelak, akhire ditinggal ing
sawah dhisik. Sakwise dheweke lunga, Ki Ageng Pemanahan teka saka sawah,
krasa ngelak banget. Weruh ana dewegan neng pojokan, langsung diombe
nganti entek. Ki Ageng Giring wis krasa kesel lan ngelak, langsung bali
niate arep ngumbe dewegan, ning wis ora ana. Dheweke terus ngerti
perkarane. Menungsa mung bisa jaluk, ning gusti Allah sing nentuaken.
Wahyu kraton tanah Jawa wis mlebu ing sosoke kancane. Ki Ageng njelasake hal wahyu keraton tanah Jawa yen iku wangsit Allah SWT, saiki wis mlebu ing angga Ki Ageng Pemanahan.
Kelorone
janji arep nikahaken anak-anake. Gusti Alloh ngabulaken kekarepane
kelorone. Putri ki Ageng Giring dinikahaken karo putra ki Ageng
Pemanahan, Sutawijaya. Teras duwe anak lanang jenenge Joko Umbaran.
Ana
ing pertempuran sengit, Aria Penangsang (Adipati Jipang Panolan)
Sutawijaya, putra ki Ageng Pemanahan. Jasane gedhe banget, mbantu
mbinasaaken Ario Penangsang sing meh ngancuraken Joko Tingkir alias Mas
Karebet. Joko Tingkir dadi raja Demak Bintoro, gelare Sultan Hadiwijaya.
Langsung mindah ibukota kerajaan ing Pajang. Sutawijaya diangkat dadi
anak, lan imbalane sebab wis mbantu, Sutawijaya lan ki Ageng pemanahan
dianugerahi kawasan Alas Mentaok kanggo dibukak pemukiman anyar, kawasan
iku berkembang subur, makmur, ramai. Pemukiman anyar iku dadi daerah
kekuasaane Sutawijaya kanthi sebutan Mas Ngabei Loring Pasar.
Sutawijaya ngembangaken perekonomian
rakyat daerah Anyar kuwi, lan mbangun ‘angkatan perang’ kanggo njaga
keamanan daerah kekuasaane mau. Sing paling penting siap kanggo lawan
musuh, sebab Sutawijaya nduweni
kekarepan ngrebut kekuasaan pemerintahan pajang. Krungu Sutawijaya
nduweni kekarepan iku Sultan Hadiwijaya kaget, langsung gerah lan akhire
wafat.
Kekarepane
Sutawijaya terkabul, tahta kerajaan pajang dikuasai lan langsung
dipindah ing daerah anyar, ibukota kota Gedhe, kerajaan anyar iku
jenenge Mataram. Mas Ngabehi Loring pasar duwe gelar anyar panembahan
senopati Hing Ngalaga Ngabdulrahman Kahalifatullah Sayidin Panatagama.
Panembahan senopati terus ngembangake daerah kekuasaane. Putrane
Si Joko Umbaran wis gede. Joko Umbaran ngerti nek dheweke anake raja
lan udu anake putra Ki Ageng. Dheweke takon karo ibune sapa bapake,
akhire ngerti nek bapake penguasa tunggal kerajaan Mataram, panembahan
senopati. Joko Umbaran langsung lunga ing kota Gedhe arep menghadap bapake.
Panembahan
senopati kurang percaya, nek Joko Umbaran iku anake. Ning atine ngakoni
nek Joko Umbaran iku anake, sing urip karo ibune lan dititipaken karo
simbahe, Ki Ageng Giring. Dheweke yakin yen Joko Umbaran diprentah Ki
Ageng Giring,
“Joko Umbaran aku gelem percaya nek kowe anakku, nek kowe bisa menuhi kekarepanku.” Sabda panembahan senopati karo Joko Umbaran.
“Daulat tuan hamba, demi paduka tuan hamba, titahmu bakal hamba penuhi.” Jawabane Joko Umbaran.
“Joko
Umbaran, iki keris pusaka kerajaan Mataram, sampaikna karo simbahmu Ki
Ageng Giring. Ngomong yen keris iki di wei ‘wrangka’ saka kayu
‘purwosari’.
Joko Umbaran terus bali lan nyampeaken pesene bapake karo simbahe Ki Ageng Giring.
Joko
Umbaran seneng banget, nek bapake raja. Ning dheweke ora ngerti pesene
bapake mau bakal misahaken dheweke karo ibu lan simbahe. Tekan omah, Joko Umbaran terus nyampeaken pesene bapake, ‘wrangka’ keris kayu “purwa sari”.
Dewi
nawang wulan seneng banget, ning dheweke bingung lan curiga karo isi
pesene. Sebab dheweke nembe tahu ngerti wrangka keris kayu ‘purwa sari’.
Kok ki Ageng Giring kang diutus nggawe wrangka keris? Padahal ing
Mataram akeh ahli wrangka. Dheweke tambah curiga, ndelok tingkahe bapake
ketok terharu natap keris pusaka Mataram. Kanyata ana maksud ing
njerone pesen mau, Ki Ageng Giring ngerti pesene.
“purwa”
artine asal ‘sari’ artine kembang, puspita, lambange wong wadon, yaiku
Dewi Nawang Wulan, kayu “purwa sari” artine jiwa ragane ki Ageng Giring.
Joko
Umbaran diakoni anake kang sah, nek ki Ageng Giring rela mati nganggo
keris pusaka Mataram mau. Akhire ki Ageng Giring nggawe keputusan kang
cukup bijaksana kanggo masa depan cucundane. Joko Umbaran langsung
ngadep bapake lan ngabaraken dene keris iku wis dinggo bunuh diri ki
Ageng Giring. Ki Ageng Giring lan Dewi Nawang Wulan lunga ninggalake
Mataram ing kabupaten Banyumas.
Rahmat
Allah SWT, pengembaraan kelorone ora ngalami rintangan, malah akeh
ditulungi warga kampung sing diliwati. Kalorone pasrah ninggalaken
Mataram kanggo masa depan Joko Umbaran.
Akhire
bapak lan anak iku tekan kawasan alas sing ngalir kali kang amba lan
bening banyune. Ki Ageng lan Dewi Nawang Wulan ngaso neng kono. Dewi
Nawang Wulan olih wangsit, kon semedi ing ngingsor wit kang rindang lan
rimbun godhonge, ora adoh saka kali mau, sing saiki diarani Kali Sapi.
Akhire kalorone mutusaken pisahan, Nawang Wulan tetep tapa lan bapake ki
Ageng Giring terus mengembara.
Sang
Dewi Nawang Wulan urip dhewekan ing alas mau dadi pertapa, konon wit
mau umure wis atusan taun. Wit iku growong, dinggo ngiubDewi Nawang
Wulan awan lan bengi, terus ndonga lan dzikir kanggo karunia Tuhan YME.
Dheweke mung mangan seanane, malah bertekad arep ora mangan .’wohing
dami’, terus semedi tekan olih wangsit illahi. Konon, wangsite Dewi
Nawang Wulan tetep urip neng kono.
Penduduk kampung sekitar pertapan, akeh sing tertarik lan teka maring panggonan pertapan, kanggo mohon doa restu, lan ana sing merguru maring dheweke.
Wis puluhan tahun Dewi Nawang Wulan manggon ing kono lan terkenal dadi “wong suci” sing bertuah. Panggonan iku akhire akeh sing ngunjungi wong-wong kang njaluk berkah lan merguru. Akhire panggonan mau berkembang dadi pemukiman, kang diarani Selamerta asale saka kata sela + amerta. Sela artine watu, amerta artine urip.
Kanthi aran iku ana kekarepane, mugo dadi desa sing urip lan nguripi,
desa kang dadi watu utawa tonggak keuripan lan panguripan. Saiki desa
iku jenenge Salamerta, mlebu Kecamatan Mandiraja, Kawedanan Purworejo klampok, Kabupaten Banjarnegara.
Nyai Dewi Nawang Wulan akhire wafat ing desa iku lan dimakam ing ngingsore wit Jati tua panggonane dheweke tapa. Ana
ing saklilinge dinggo ngubur perabot, kaya wadhah kinang sing arane
BOGEM. Tekan wayah saiki makam iku jenenge ‘Makam Bogem’ utawa ‘Makam
Mbah Bogem’ sing wis dadi panggonan ziarah kanggo wong sing pengen
kekarepane terwujud.
Sumber :http://sastra-jawa007.blogspot.com
Sumber :http://sastra-jawa007.blogspot.com