Kutha
Rembang manggon ana ing tlatah tanah Jawa sisih wetan. Sisih lor
wewatesan karo samodra jawa, sisih kidul wewatesan karo Kabupaten Blora,
sisih kulon wewatesan karo kabupaten Pati, lan sisih wetan wewatesan
karo kabupaten Tuban. Kanthi panggonan kang strategis kuwi mula akeh
wong manca kang teka neng tanah jawa kususe neng Kabupaten Rembang
saperlu pengin dagang utawa golek tanduran-tanduran kang larang regane
yen didol ing negara asale. Miturut crita udakara ing taun 1336 Saka,
ana wong wolu sing asale saka Campa Banjar mlati teka neng tanah Jawa.
Wong
campa kuwi nduweni kaluwihan bisa gawe gula tebu. Wong Campa teka neng
tanah Jawa mung kanggo gawe gula tebu amarga ing negarane wis akeh seng
gawe. Wong- wong kuwi teka neng tanah Jawa ngliwati segara mengulon
nganti tekan neng kali sing kiwa-tengene akeh wit Toktene (Bakau).
Anggone teka neng tanah Jawa, wong Campa kuwi dipandhegani Pow Ie Din
sing minangka dadi ketuane pelayaran. Bareng ngerti yen ing tanah Jawa
akeh tanduran tebu wong Campa kuwi padha bungah amarga apa kang wis
dilakoni kabeh ora muspra, apa kang digoleki wis ketemu, yakuwi tanduran
Tebu.
Wong-wong
campa kuwi gawe omah/gudhang kanggo nyimpen tebu-tebu kang wis dibabat.
Omah/gudhang digawe ana ing sisih kiwa tengene pategalan kang ana
tandurane tebu, supaya anggone mbabat tebu ora kadohan saka gudhang.
Saben wayah isuk Pow le din kang mandhegani pelayaran kuwi mrentah
kanca-kancane kanggo nyiapake ubarampe kang arep di anggo mbabat tebu.
Tebu-
tebu kang wis dibabat banjur disimpen ing gudhang-gudhang kang wis
dicepakake. Tebu-tebu kang wis disimpen ing gudhang yen wis akeh banjur
diolah kanthi cara tradisional supaya dadi gula tebu. Gula tebu kang wis
diasilake kuwi banjur digawa neng negara asale yakuwi negara Campa.
Kanggo
mujudake rasa sukur marang gusti, lan supaya anggone mbabat tebu ora
ana alangan mula dianakake donga lan semedi bareng sadurunge mbabat
tebu. Pategalan kang wit tebune wis dibabat mau banjur didadekake
pomahan/pemukiman sing saiki kawentar kanthi jengen Kabongan, sing
jenenge dijipuk saka tembung tokte/ bakau Ka-Bonga-an (kabongan) sing
panggonane ana ing sisih kulon kutha Rembang.
Ing
sawijining dina, nalika pajar ing sasi Waisaka wong-wong padha miwiti
“ngrembang”/mbabat tebu. Sadurunge mbabat tebu diwiwiti, kudu dianakake
upacara suci lan semedi bareng nyenyuwun maring Gusti supaya anggone
mbabat/ngrembang tebu ora ana bebaya. Upacara mbabat tebu kuwi diarani
Ngrembang sekawit. Saka ukara Ngrembang kuwi banjur didadekake kanggo
cikal bakal Kkutha Rembang kang mapan ana ing pesisir sisih wetan tanah
Jawa. Miturut crita para sepuh upacara ngrembang sekawit dianankake ing
dina rebo legi , minggu kasada sasi waisaka, taun saka 1337 kanthi
candra sengkala Sabda Tiga wedha Isyara.