Pasar kang ora saben dhaerah bisa ditemokake yaiku Pasar Senggol. Anane
mung neng dhaerah Kebumen. Papan dununge ing dhusun Selang. Yen pasar
kaya biasane manggon ing salah sijining papan kang mligi kanggo dodol
para bakul. Bakul iki padha ngandhakake regane barang amrih dienyang
wong-wong kang pengin tuku barang mau. Beda karo ing pasar senggol, ing
kono para bakul amung nggelar dagangane sinambi melu ngramekake kahanan
ing kono ora merga golet bathi. Ing pasar umum uga ana “bango” papan
kanggo nggelar barang dagangane. Yen ing pasar senggol bakul-bakul padha
jejer-jejer ing pinggir dalan.
Pasar senggol manggon ing saturuting dalan gedhe ing dhusun Selang.
Dalan iku arane dalan Kutoarjo. Dalan kang kagolong salah sijining dalan
kang rame kanggo lalu lintas kendaraan tumuju alun-alun Kebumen utawa
pusat kota
Kebumen. Nalika ana pasar senggol kahanan dalan mau dumadakan owah .
Dalan kang maune amung kanggo jalur lalu lintas saiki owah dadi pasar
kang tumpek breg, kaya-kaya wong sekabupaten Kebumen kumpul kabeh neng
kono.
Dawane
pasar kuwi kira-kira 500 meter kebak dening bakul-bakul kang nggelar
barang dagangane. Mila ora gumun yen pasar senggol njalari dalan
Kutoarjo dadi macet. Yen motor tesih bisa liwat nanging kudu alon-alon
sembari sikile mudhun ing dalan, merga banget akehe wong-wong kang padha
nggejubel ing dalan. Ananging mobil ora bisa ngliwati dalan iku, kudune
milih dalan alternatif yaiku dalan Tamanwinangun.
Barang
kang digelar para bakul klonthongan ing pasar senggol yaiku jajanan
pasar, maneka warna panganan, sandhangan, dolanan, pernak-pernik kanggo
wong wedon, kembangan lan tesih akeh maneh. Kahanan pasar senggol mung
sedina, yaiku wiwit esuk nganti tekan bengi nembe rampung kira-kira jam
rolas wengi. Kamangka mung sedhela nanging sing padha teka nganti ewonan
wong ngumpul ing dalan Kutoarjo kuwi. Merga tradisi pasar senggol iki
namung dipengeti setaun pisan, mila wong-wong Kebumen ngrasa dadi
perkara kang kudu dilakoni yaiku kudu teka ngrameni pasar kuwi aja
nganti klewatan.
Ora
mung bocah enom kang madhati pasar iki, akeh bocah cilik, bapak-bapak
lan ibu-ibu sing pengin nonton pasar sing mung dipengeti setaun pisan
iki, wong kang wis udhur uga ora kalah saing nekani acara kang sejatine
amung kanggo bocah enom. Mila ora gumun yen ora mung warga Kebumen kang
ngrameni pasar kuwi, warga seka dhaerah Purworejo, Sokaraja lan Banyumas
uga ora nglewatake kalodhangan golet jodho iki.
Akehe wong kang padha teka ora niyat tuku barang tartamtu nanging
amung mlaku-mlaku karo nyawang wong-wong liyane kang uga lagi
mlaku-mlaku . Apa maneh bocah enom kang lagi masa puber, senenge mlaku
mrana-mrene murih pengin didelokake dening wong-wong utawa pengin dadi pusat perhatian. Nanging ya uga ana sing tenanan teka merga tuku barang kang dipengini ora mung mlaku-mlaku.
Ajang golet jodho, sebatan kanggo pasar senggol. Khususe para bujang
kang kangelan golet jodho. Ora kalah saing, para prawan uga nyengkuyung
acara kaya mangkene. Ana kapercayan kanggo sapa bae kang lagi golet bojo
bakal ketemu karo jodhone utawa kanggo bocah enom kang lagi golet
pacangan bakal ketemu karo sing diidham-idhamake. Nyatane ya akeh wong
sing entuk jodho sakwise nonton pasar senggol iki. Nanging kabeh iki
gumantung marang pribadhine dhewek-dhewek. Yen wonge sumeh, srawung
marang wong liya, cepet akrab karo wong sing durung dikenal mesthi bakal
cepet kaparingan jodho. Nanging yen wonge ora gelem ngejak kenalan, ora
ngajeni marang wong liya mesthi bakal kangelan golet jodho.
Kahanan kang rame ing pasar senggol ora disia-siakake dening para warga
Selang kanggo ngenalake produk-produk panganan kang khas seka Selang.
Ana jipang kacang kang legit banget rasane, merga akeh kacang lan
gendhise. Bocah cilik biasane seneng jajanan kaya mangkono. Uga ana
lumpia isi urang kang gurih, pas banget kanggo lawuh mangan. Ora kalah
enak, ana pisang gaweyane warga Selang kang maknyleng lan gurih banget
beda karo gaweyane dhaerah liyane. Ana maneh panganan kang wis
kawentar saka dhaerah Kebumen yaiku lanthing, rupane kaya angka wolu,
rasane maneka warna, ana rasa keju, pedes, bawang lan rasa jagung.
Panganan liyane kang uga gaweyan asli warga Selang yaiku geplak jahe,
unthir-unthir cacing, unthuk cacing, cistik kang digawe seka gandum lan
tesih akeh maneh. Kabeh mau digawe dening warga Selang kanthi cara kang
tradisional, tesih nganggo tangan utawa ngandhalake tenagane dhewe.
Panganan kuwi digawe dening ibu-ibu rumah tangga ing omah-omah istilahe home industri.
Pasar kang namung dipengeti ing sasi Maulud tanggal 25 iki ngepasi dina
laire Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pasar iki dipengeti kanggo sarana raos
syukur warga Selang dening Gusti Kang Maha Kuwasa kanthi cara nganakake
acara pasar senggol kang dienggo warga kanggo sarana golet jodho.
Sejatine pasar senggol iki dudu jeneng pasar asli, nanging merga ing
kono padha senggol-senggolan bokong, nuli diarani pasar senggol.
Sejatine ya ora mung senggol-senggolan bokong, nanging uga padha
senggol-senggolan tangan lan perangan awak liyane. Iku sing disenengi
dening bocah enom, utamane bocah lanang sing senenge padha nggleweh
bocah wedon, nanging sing digleweh ya padha geleme.
Tradisi pasar senggol kudu dilestarekake murih ora klelep ing jaman
kang sarwa canggih lan modern. Uga bisa dadi sarana kanggo promosi
budaya lan pariwisata dhaerah Kebumen. Ora mung ngono, tradisi pasar
senggol uga bisa dadi sarana kanggo ngraketake hubungan wong-wong kang
maune ora padha kenal owah dadi kaya sedulur.